Nama kelompok :
1. Annisa Dian P (02)
2. Dinahyu Arifah Yuniar (08)
3. Fernanda Elvira (10)
4. Jasmine Ayungi Sujadi (16)
Kelas : X Mipa 3
APEM KESESI

Apem yaiku kue tradisional kang asale saka kesesi, wujude bunder gepeng warna coklat lan dilapisi godhong gedhang, teksture kenyal rasane manis, legit, lan murah regane. Panggawene apem unik banget, manut legenda, mung daerah kesesi benere neng dukuh pantul sing entuk nggawe apem karo sempurna lan karo kwalitas sing becik. Apem sing becik, yen dipangan enak rasane, ora nggedadel utawa radha kelet neng lambe. Rupane padhang, ora kusem, katon ora lembut nanging kaya ana gelumbung-gelembunge.
Bahan-bahan sing digunakake yaiku tepung beras, lan gula jawa utawa gula aren. Alat sing dibutuhke yaiku dandang, anyaman, rangan, lan godhong gedhang.
Ana dene cara gawene yaiku lar diwisuh resik, nuli direndem sajrone loro wengi, banjur digiling tekan dadi glepung, sakwise kuwi glepung diuleni/diaduk rata tekan wujude adonan. Gula abang dicairke nuli dadi adonan. Adonan dicampur dadi siji lan neng cetak. Sakwise dicetak nuli didang sajrone 10 menit.
Ayo kanca-kanca awake dewe lestarikne bareng apem dadi panganan tradisional khas kesesi supaya anak lan putu awake dewe bisa rumangsakne keenakan apem lan supaya bisa kenal ding negeri arepa dinjaba negeri.
Komentar
Posting Komentar